#ramalanSMG edisi lomba #pitulasan dari Bulik Sri Gethuk (@ramalanSMG)

Sing lagi rame lomba #pitulasan neng kampunge, coba kowe melu lombane manut zodiakmu. Wis mesthi akeh lupute. Eh!
1. #Aries cocoke melu lomba menek pucang. Opo meneh yen hadiahe sing paling nduwur kui fotone Sabina
2. #Taurus cocoke melu lomba balapan mlaku karo nggowo setin ning sendok. Alon-alon waton kelakon
3. #Gemini cocok melu lomba balap karung. Mlumpat-mlumpat koyok pocongan kebelet ngising
4. #Cancer cocok melu lomba njupuk duit ning semongko sing dileleti mangsi. Ben raine koyok dakocan
5. #Leo cocok melu lomba mangan krupuk. Yen iso malah krupuke koncone dipangani kabeh ben wareg
6. #Virgo cocoke melu lomba sekak. Pokoke sing mikir-mikir kui ahline.
7. #Libra cocok melu lomba nglebokke potlot ning njero botol. Yen iso sing bolongan botole paling cilik
8. #Scorpio cocok melu lomba keri-kerinan numpak sepeda. Sepedane ditaleni ning wit pelem ben ra mlaku-mlaku.
9. #Sagitarius cocok melu lomba mecahke balon nganggo bokong soale bokonge lancip koyo dom
10. #Capricorn cocok melu lomba cerdas cermat antar RT soale sak omah pinter dewe
11. #Aquarius cocoke melu lomba egrang nganti tonggo teparo kaget jebul awake iso melu lomba barang
12. #Pisces cocoke dadi juri soale kabeh lomba wes tau dijajal tur menang terus
Follow akun Twitter Bulik Sri Gethuk > @ramalanSMG untuk ramalan-ramalan zodiak setiap harinya. (mam)
Comments are closed.